Laman

Senin, 07 November 2011

KORBAN PERASAAN

KORBAN MINANGKA TANDA TRESNA

Tembung kurban mono konotasine mesthi ala, ana korban pemerkosaan, korban pencurian, korban penipuan. Ning kanggone Islam, malah kosok baline , kurban mono pitukone rasa tresna utawa mahabah marang Pengeran. Wosing atur, aja teori thok lan kakehan wuwus , kandha yen CINTA ALLAH DAN RASULNYA ning endi bukti nyatane ?
nalika ngudaneni kurban mesthi ana dilema kang abot, atase ing jaman kang sarwa angel golek panguripan ana rejeki kok nggo blanja sing ora tanja ( penganggepe awam ). Ning sejatine hakekate Allah mung nanting, Apa kowe bener luwih tresna marang Ingsun, samangsa Allah wus pirsa kita sami pancen luwih tresna marang Allah tinimbang sekabahane perkara, nyata Allah bakal ngluberake rejeki, nikmat lan kanugrahan kang tanpa winates ....